Sawijining dina, ana
biyung jenenge Dewi Sangkrah, dheweke nduweni putra jenenge
Jaka Bereg. Jaka Berek mulih saka
dolanan lan praupane katon mbesengut.
Dewi sangkrah/ ibu :Ana apa Cah bagus?
Jaka Berek : Biyung,kula sampun mboten kiyat maleh.
Dewi Sangkrah :Ora kuat nyapo Ngger?
Jaka Berek :Kula isin bu, kula dipunudhamana kaliyan
kanca-kanca amargi kula mboten gadhah bapa. Biyung, sinten sudarma kula?
Dewi Sangkrah : Jaka Berek anakku, wis wayahe awakmu ngerteni sapa sejatine
sudarmamu. Sudarmamu sejatine yaiku Adipati Jayengrana ing kadipaten
Surabaya,Ngger. Mengko yen awakmu wis diwasa dakparengake sowan menyang kutha
Kadipaten saperlu ngluruh sapa sejatine sudarmamu iku.
Jaka Berek : Inggih menawi ngoten biyung.
Wis telung taun
kliwat anggone ngenteni palilahe ibune saperlu sowan marang ramane ing kutha
Kadipaten Surabaya. Jaka Bereg banjur pamitan marang biyung lan eyange.
Jaka Bereg : Biyung, kula badhe bidhal dhateng kadipaten
sowan marang sudarma kula.
Dewi Sangkrah : Iyo,Ngger. Ojo lali, sampekno salam biyung
marang Adipati lan wenehno selendang CINDHE
PUSPITA iki kanggo bukti yen awakmu isih putrane Adipati.
Gawanan sak anane
digawa Jaka Berek lan budhal ing kadipaten Surabaya. Nanging ing Satekaning ing
ngarep gapura, dheweke wis dipapag karo para prajurit.
Prajurit : Mandeg !, arep apa awakmu wani-wanine teka ning
kene..!
Jaka Berek : Kula pengen manggihi Adipati Jayengrana.
Prajurit : Cah bagus, awakmu ora iso mlebu kawasan iki.
Saiki muliho. Sadurunge awakmu tak usir!
Jaka Berek : Kula mboten purun saderengipun manggihi adipati
Jayengrana.
Sawunggaling nekad
kepingin sowan lan ora kena dipenggak. Akhire perang antarane Sawuggaling lan
prajurit sampek keweruhan Sawungsari lan Sawengrana. Wong loro ngroyok Jaka
Bereg. Prastawa kasebut ndadekake kawigatene sang Adipati lan kepingin mirsani
apa sejatine kang wis dumadi.
Adipati : Mandheg !! Aja diterusake anggonmu padudon. He
bocah bagus ... sap jenengmu,lan saka ngendi pinangkamu. Kok wis kumawani
sulaya karo putra-putraku.
Jaka Bereg : Kula pun Jaka Bereg,Gusti. Tiyang-tiyang paring
jejuluk kula inggih Sawunggaling.
Adipati : Sek mandheg mengkono. Sapa jenenge biyungmu lan
apa buktine awakmu iku anakku ?
Jaka Berek : Kula putranipun kanjeng ibu Rara Blengoh,eyang
kula asmanipun Wangsadana. Punika CINDHE
PUSPITA kagunganipun ibu, minangka bukti menawi kula putranipun kanjeng ibu
Rara Blengoh.
Adipati : Sawunggaling, ora kleru maneh Thole. Jeneng sira
putraningsun. Aku ramamu cah bagus. Iki para dulurmu, Sawungsari dan Sawungrana.
Saiki awakmu urip ning Kadipaten iki . jenengmu ora Jaka Bereg, jenengmu tak
ganti dadi Sawunggaling.
Banjur iku
Sawunggaling urip ning Kadipaten. Sawungrana lan Sawungsari mung mesem kecut.
Dheweke kuatir yen Sawunggaling bakal dadi pepalang nggenteni kalungguhan
ramane. Ing sawijining dina, Kadipaten Surabaya katekan Kompeni Walanda. Para
prajurit Walanda sing cacahe ewon ngrabasa Kadipaten amarga Adipati Jayengrana
ora gelem diajak kompromi karo Walanda. Adipati Jayengrana gugur ing glanggang
payudan nalika perang mungsuh Walanda. Kulawarga lan putra-putrane padha kocar
kacir.
Kanggo ngisi
paprentahan ing Kadipaten Surabaya, Ratu ing tanah Jawa Kanjeng Sinuwun Sri
Pakubuwana 1 ing Kraton Kartasura nganakake sayembara. Sayembara sing sapa
wonge kasil nyodor UMBUL-UMBUL YUDA ing
PUCUKING MENARA GALAH bakal diparingi bebana dadi Satriya Pinunjul lan
sinengkakake ing ngaluhur dadi Adipati ing Kadipaten Surabaya. Sayembara banjur
dimulai. Ora dikira,Sawungrana lan Sawungrana kalah ing sayembara kasebut.
Panitia mutusne kaputusan kanggo peserta anyar.
Adiningrat Sosro : Amarga ora ana sing menang, dados kula
mutuse bikak pendaftaran peserta anyar.
Sawunggaling : Kula
siap dados peserta ingkang kentun .
Adiningrat Sosro : He,cah bagus. Lek awakmu wani, cepet
lakonono lan marikno parentah iku.
Sawunggaling : Inggih. Kula mulai tantangan niki.
Sawunggaling sing
teka keri dhewe nyoba melu sayembara kasebut lan kasil menangake sayembara.
Sawunggaling diangkat dadi Adipati ing Surabaya kanthi gelar Kanjeng Adipati
Jayengrana 2.
Sawunggaling mimpin
Kadipaten. Para warga urip tentrem,murah sandang,pangan,papan. Kahanan kasebut
ndadekake Walanda ngerigake bala tentarane kanthi sanjata kang luwih canggih
lan modern. Perang gedhe antarane Kadipaten Surabaya mungsuh Kompeni Walanda
lan pungkasane Sawunggaling gugur ing madyaning palagan lan gugur dadi
kusumaning bangsa ing madyaning warga kutha Surabaya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar